HERU SANTOSO
Penulis adalah pengajar di SMPN 1 Pracimantoro Wonogiri Jawa Tengah
Sekar Dhandhanggula
“Pengetan dinten Kebangkitan Nasional”
1. Dangu rinegem jinajah nagri
Ngantos tigangatus seket warsa
Sasat tinali astane
Tan saged swaleng kayun
Mapan sampun den kuwasani
Patrap ingedu kumba
Mamrih ringkihipun
Pangudi ngelmu pinekak
Pangajabe dimen bodho kang sayekti
Gampil rinuda peksa
2. Bagaskara sumeblak nelahi
Surya ingkang kaping kalih dasa
Kaleres Mei wulane
Tansah dadiya pemut
Kebangkitan Nasyonal yekti
Ngurut sujarahira
Rikala rumuhun
Manunggaling bangsa kita
Kawiwitan lairing organisasi
Aran Ritdi lltama
3. Adeging Budi Utama yekti
Piniji asma dokter Soetomo
STOVIA srana kumpule
Darbe panjangka luhur
Manunggalke pra mudha mudhi
Kang sifat Nasional
Nunggal tekadipun
Nedya nggayuh kamardikan
Kalampahan sumpah pemudha sanagri
Golong gilig sanyata
4. Ubayane pra mucha sanagri
Nunggal tekad lan krenteging nala
Satu Nusa lan Bangsane
Tan keri Basanipun
Pangikete nunggal sawiji
Saiyeg saeka praya
Patembayanipun
Gelenging tekad mardika
Rawe rantas malang putung den dhadhagi
Kurbaning jiwa raga
5. Wus mardika tumekeng samangkin
Awit labuh labet pra pahlawan
Sinubya wus samesthine
Mangka atur panuwun
Becik karya majuning nagri
Kanthi tindak kang nyata
Mrih kuncaranipun
Indonesia makmur mulya
Kasusra anjayeng bawana sayekti
Kinacek ing sasama
(pur/za)